Delta Library

Dimensi Elastisitas Ipa Tiga

Jaka Tarub

Leave a comment

Jaka Tarub

Dewi Rasa Wulan inggih menika putrinipun Raja Singawarman saking Kerajaan Temas ingkang ing wekdal menika saweg nglaksanakaken tapa ngidang inggih menika mlebet wana udakara 7 warsa, mboten pareng kondur utawi nyedhaki manungsa sarta mboten pareng dhahar kajawi ron-ronan ingkang wonten ing wana. Mila saking babagan menika Dewi Rasa Wulan dipunwastani Kidang Telangkas.

Nalika Dewi Rasa Wulan saweg siram wonten sendhang, piyambakipun pirsa menawi wonten ayang-ayang tiyang jaler ingkang bagus nanging piyambakipun sampun kebanjur wuda, saengga piyambakipun siram wonten ing tlaga menika. Kondur sakingng tlaga Dewi Rasa Wulan salajengipun ngandhut. Ngantos piyambakipun medalaken putranipun wonten ing desa ingkang ngantos samenika dipunwastani Desa Mbubar Bayi menika dipun tilaraken wonten ing sisih tlaga amargi Dewi Rasa Wulan ngraosaken isin ngandhut tanpa garwa ugi boten mangertosi sinten ingkang sampun ngrekadaya piyambakipun. Awit saking menika amargi sampun dados wewadi, piyambakipun nilaraken bayi kala wau. Dewi Rasa Wulan boten mangertosi menawi putranipun inggih menika titisan saking Kanjeng Syeh Maulana Maghribi.

Rikala menika wonten tiyang estri ingkang nama Dewi Rara Kasian ingkang garwanipun sampun tilar donya inggih menika Aryo Penanggungan, kekalihipun boten diparingi putra Ngantos Aryo Penanggungan tilar donya. Amargi tresnanipun dhateng garwanipun, sinaosa sampun seda, saben dinten piyambakipun dedonga wonten pasareyan garwanipun. Saengga Syeh Maulana Maghribi bekta putraipun ingkang dipun lebetaken bokor kencana lajeng dipuntilaraeken sisihipun pasareyan Aryo Penangungan. Kaleresan wekdal menika Dewi Roro Kasian saweg tuwi pasareyan garwanipun. Piyambaikpun kaget amargi mangertosi bokor kencana wonten ing pasareyan garwanipun. Sinaosa Arya Penanggungan sampun seda, Dewi Rara Kasian taksih nganggep garwanipun kersa maringi putra. Piyambakipun remen sanget amargi saged kagungan putra sinaosa sanes putra ingkang medal saking rahim piyambakipun, lajeng bayi menika dipun bekta kondur. Lajeng bayi menika dipunwastani Joko Tarub. Amargi rikala semanten Dewi Rara Kasian mendhet saking pasareyan garwanipun ingkang arupi Taruban.

Joko Tarub kagungan karemenan nangkep kupu-kupu ing sabin. Nalika dolanan ngantos mlebet wana, Joko Tarub menika diparingi aji-aji.Aji-aji menika dipunwastani Tulup Tunjung Lanang. Lajeng Joko Tarub kondur lan nyariosaken menawi piyambakipun angsal aji-aji tulup saking tiyang sepuh wonten ing wana. Dewi Rara Kasian boten ngijinaken Joko Tarub dolan dhateng wana amargi saking tresnanipun lan khawatir menawi wonten menapa-menapa kaliyan Joko Tarub. Ananging Joko tarub tetep dolan dhateng wana Joko Tarub remen pados manuk.

Nalika Joko Tarub badhe pados manuk wonten ing wana, piyambakipun mireng swanten ingkang sae sanget. Jebul swanten menika saking swanten manuk perkutut.Lajeng Joko Tarub nyedhaki panggenan manuk menika, Joko Tarub nulup manuk menika, ananging boten kena.Saking kedadosan menika Joko ngraosaken menawi manuk menika sanes manuk biyasa. Joko Tarub boten putus asa mireng manuk menika mabur mengidul, lajeng Joko Tarub ngoyak manuk menika naging boten kena malih. Jaka Tarub mireng swanten manuk menika malih, ingkang asalipun saking kidul. Jaka Tarub nyedhaki malih nyobi nulup manuk menika. Nanging gagal malih, manuk menika malah mabur menyang kidul. Nalika Jaka Tarub ngejar manuk kutut menika malih dhateng kidul, Jaka Tarub ngraosaken manuk menika dados pratandha piyambakipun badhe pikantuk rejeki ingkang ageng.

Nalika Jaka Tarub nguber manuk menika, piyambakipun mireng swanten tiyang estri ingkang kadosipun taksih asyik adus ing tlaga.
Jaka Tarub nyedhaki tlaga saperlu mastheke swanten menika. Jebul leres menawi swanten menika saking swantenipun widadari ingkang taksih sami adus. Amargi dinten sampun sonten, Jaka Tarub kondur. Nalika Jaka Tarub kondur, piyambakipun nemu sampur ing sisih tlaga.Joko Tarub mendhet salah satunggaling sampur menika, lajeng dipunbekta dhateng griyanipun.Joko Tarub ndeken sampur menika ing nginggilipun lumbung. Joko Tarub ngraos lepat amargi sampun mendhet sampur menika.Salajengipun Joko Tarub tindak malih dhateng tlaga badhe nglintuni sampur widadari menika ngangge ageman kagungan ibunipun Joko Tarub.

Sasampunipun dugi ing tlaga, prayata para widadari menika sampun sami kondur dhateng kahyangan. Jaka Tarub. Nanging, jebulipun taksih wonten satunggal widadari ingkang taksih wonten ing tlaga. Widadari menika nangis amargi sampuripun ical. Widadari menika ngucap sinten kemawon ingkang saged mbiyantu nemokaken sampuripun, menawi jaler badhe dipundadosaken garwa lan menawi estri badhe dados sedherekipun. Joko Tarub nyedhaki widadari lan ngaturake ageman kagungan ibunipun dhateng widadari menika. Amarga widadari menika sampun boten saged kondur dhateng kahyangan, Joko Tarub mbekta widadri kasebut dhateng griyanipun. Sasampunipun dugi ing griya, Joko Tarub nepangaken widadari menika dhateng ibunipun. Pranyata widadari menika asmanipun Nawang Wulan. Joko Tarub matur dhateng ibunipun bilih Nawang Wulan menika widadari ingkang ditemokake ing tlaga. Miturut janjinipun, Nawang Wulan akhiripun dados garwanipun Joko Tarub lajeng kagungan putra ingkang dipunasmani Nawang Sih.

Nalika Nawang Sih taksih alit, wonten prastawa ingkang ngedab-edabi inggih menika nalika Nawang Sih taksih ten ayunan. Nalika Nawang Wulan badhe umbah-umbah ing lepen, piyambakipun ngaturake amanat dhumateng Joko Tarub supados Joko Tarub njaga Nawang Sih sarta sampun mbikak kekep. Sesampunipun Nawang Wulan medal teng lepen, amargi penasaran kalih amanat saking garwanipun, mangka kekep dipunbikak, Joko Tarub kaget amargi sesampunipun ningali pranyata ingkang dipun mangsak ten kukusan inggih menika naming sealer pantun. Raos penasaran ingkang salebeting wekdal dipunraosaken Joko Tarub sampun dipunwangsuli, amarga piyambakipun gumun garwanipun mangsak saben dinten ananging pantun ingkang wonten lumbung mboten kirang-kirang prayata ingkang dipunmangsak namung sealer pantun. Boten let dangu, Nawang Wulan kondur saking lepen, piyambakipun duka amargi Joko Tarub sampun nglanggar amanat saking piyambakipun. Joko Tarub mboten kalah anggenipun duka amargi Nawang Wulan mboten mangsak kanthi cara ingkang wajar. Nawang Wulan kaliyan Joko Tarub padu.

Saking prastawa kasebut, Nawang Wulan sadhar saniki mangsak ingkang wajar-wajar kemawon kadasto manungsa-manungsa sanesipun. Saengga pantun ingkang wonten ing lumbung kantun sakedhik, wonten ing pantun ingkang pungkasan, Nawang Wulan kaget amargi sampur kagungan piyambakipun wonten ing lumbung. Nawang Wulan ngadhep Joko Tarub supados nyariosaken babagan sampur menika.Nawang Wulan kaliyan Joko Tarub padu lajeng Nawang Wulan kondur menyang khayangan. Ananging saderengipun kondur menyang kahyangan, Nawang Wulan paring amanat dhumateng Joko Tarub menawi Nawang Sih badhe ngersakake mimik, supados dipundamelaken anjang-anjang ten njawi griya. Joko Tarub piyambak nglarang masyarakat Tarub ndamel anjang-anjang amargi anjang-anjang menika tandha nelangsa wekdal dipuntilar Nawang Wulan ten khayangan kangge ngagengaken Nawang Sih piyambak mboten wonten sisihanipun. Joko Tarub mboten krama malih sasampunipun dipuntilar Nawang Wulan.
Wonten ing khayangan, pranyata Nawang Wulan mboten dipuntampi malih dening rencang-rencangipun amargi Nawang Wulan sampun kena ambu-ambu manungsa.

Salajengipun Nawang Wulan medhak malih menyang bumi namung mboten teng dalemipun Joko Tarub.Nawang Wulan badhe bunuh diri kanthi mlumpat saking Gunung Merbabu dhumateng Segara Kidul.Ananging Nawang Wulan slamet malahan perang kaliyan panguasa Segara Kidul inggih menika Ratu Kidul. Paperangan kasebut dipunmenangaken dening Nawang Wulan. Mila saking menika Nawang Wulan saniki dados panguasa Segara Kidul kanthi gelar Nyi Roro Kidul, dene Ratu Kidul dados panasihat Nyi Roro Kidul.

 

 

 

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s